Muk

Taepyeongchae, jinis muk.

Muk ya iku jinis masakan Koréa kang digawé saka pati kacang-kacangan lan wiji-wijinan.[1] Pati diekstrakseake saka pirang-pirang jinis palawija kaya ta kacang tanah, gandum buckwheat lan jagung kang digodhog ngandti dadi kenthel lan pulen kaya ta gelatin.[1] Sawisé mateng, ekstrak pati bakal dadi kenyal, transparan lan alus.[1] Muk duwé tekstur kang luwih alus tinimbang tahu mula kudu ati-ati nalika nyiapake.[1] Yèn arep dikonsumsi, muk dikethoki pesagi tipis-tipis banjur dibumboni kecap, bumbu utawa saus.[1] Jinis muk kang disuguhake béda-béda tumrap mangsane, ing antarané cheongpomuk, dotorimuk, memilmuk lan tangpyeongchae.[1]

  1. a b c d e f An Illustrated Guide to Korean Culture - 233 traditional key words. Seoul: Hakgojae Publishing Co. 2002. kc. 57. ISBN 89-8546-98-1. {{cite book}}: Check |isbn= value: length (pitulung)

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search